Senin, 28 Oktober 2013

geguritan_wingiSore


Tresnani Aku,

Nalikane jaman durung edan,
Aku ditresnani kaki nini,
Dirumat kanthi gemati,
Lan uga ati-ati

Nalika jaman wis edan,
Kaki nini padha ra eman
Ninggalke aku sing jere ketinggalan jaman,

Aku.....
Uripku gumantung saka lakumu
Nalika kowe ninggalke aku,
Apa aku mesthi melu wong liya,
Kang  luwih tresna,
Niat arep mbudidaya????